Selasa, 04 Maret 2014

wayang

Wayang Abimanyu Diwasa gagrag Yogya
Abimanyu (Sangskreta Abhimanyu) iku sawijining paraga saka wiracarita Mahabharata. Dhèwèké putrané Arjuna lan Dèwi Wara Sembadra. Papan dunungé ana ing kasatriyan Tanjunganom iya Plangkawati.
Ing padhalangan, Abimanyu iku digambarké kadidéné satriya kang bagus citrané, alus budiné, nanging wataké getapan (gampang nesu) lan gampang mara-tangan.
Kaya ingkang rama, Abimanyu kondhang kadidéné satriya utama sing kuat tapabratané, mula Abimanyu klakon kasinungan wahyu-wahyu kanaréndran, kayata Wahyu Cakraningrat, Wahyu Widhayat, wahyu Antatwulan, lan sapituruté. manut wecaning déwa sapa sing kadunungan wahyu kasebut bakal bisa dadi naréndra gung binatara. Nanging Abimanyu ora nganthi klakon madeg ratu, jalaran dhèwèké gugur ing paprangan ing Tegal Kurusetra kanthi dikrocok gegaman lan dikroyok déning para Kurawa.
            Nalika isih dadi bocah, Abimanyu klakon nyirnakaké nata ing Plangkawati, Prabu Angkawijaya lan patihé aran Jayamurcita, kang nduwé kekarepan arep nggarwa Déwi Wara Sumbadra kang wis diwengku garwa déning Arjuna lan peputra Abimanyu. Prabu Angkawijaya lan Jayamurcita tiwas saka tangané Abimanyu. Sukmané manjing ana ragané Abimanyu, lan negarané uga banjur dadi kasatriyané Abimanyu.
Abimanyu pisanan dhaup karo Dèwi Siti Sundari (Siti Sendari), putriné Prabu Sri Bathara Kresna ing Dwarawati. Dadi Abimanyu iku putra mantuné Prabu Kresna. Sabanjuré kanthi sesidheman uga krama antuk Déwi Utari, putriné Prabu Matswapati ing Wiratha, patutan siji asma Radén Parikesit iya Paripurna kang ing tembéné jumeneng nata ana negara Ngastina sabubaré perang Baratayuda kanthi jejuluk Prabu Kresnadwipayana, (nunggak semi karo jejuluké ingkang éyang buyuté, Abiyasa iya Wiyasa).
Ing Perang Baratayuda, Abimanyu bisa klakon mbedhah gelar perang Cakrabhyuha, sing dipandhégani Pandhita Durna nadyan akhiré gugur kanthi tatu arang kranjang amarga diranjap gegaman marang Kurawa. Mula lakon Abimanyu gugur uga asring karan "Ranjapan Abimanyu Gugur" kang pancèn ngeres-eresi.
Ing peperangan, Abimanyu wis tatu arang kranjang lan katon tanpa daya, nanging isih tetep maju. Lesmana Mandrakumara iya Raden Sarojakusuma (putrané Prabu Duryudana, nata Ngastina) kang kepingin mrejaya Abimanyu, banjur maju nyaketi karo nggawa keris ligan. Keris iku arep kanggo nyuduk Abimanyu, nanging kurang prayitna. Abimanyu tetéla isih nggagem keris Kyai Pulanggeni. Lesmana namaké kerisé marang Abimanyu kang njalari tumekèng pati. Nanging sadurungé sukmané oncat saka ragané, Abimanyu uga kasil nyuduk Lesmana Mandrakumara nganggo Pulanggeni nganti Lesmana tumekaning pati. Kekaroné mati sampyuh. Weruh Lesmana Mandrakumara mati, Jayadrata (bapa pamané Lesmana) ngepruk sirahé Abimanyu kang wis tanpa daya nganggo gada Kyai Glinggang saéngga musthakané ajur mumur. Abimanyu gugur ing madyaning rananggana. Para Kurawa surak ambata rubuh. Goteking wong akèh sing matèni Abimanyu iku Jayadrata iya Tirtanata.
Udan tangis para pepundhén Pandhawa. Arjuna sumpah, yèn dina iku uga ora bisa matèni Jayadrata, dhèwèké luwung lampus dhiri. Déning para Kurawa Jayadrata diumpetaké ing gedhong waja. Dijaga rapet, pamrihé supaya aja nganti bisa dipatèni déning Arjuna lan Arjuna dhéwé supaya klakon "tata glondhong" lampus dhiri kanthi cara pati obong. Nanging bab iku diwuningani Prabu Kresna (botohé Pandhawa). Jayadrata dipancing murih ngungak kahanan njaba liwat jendhéla. Ya nalika Jayadrata anguk-anguk liwat jendhéla kuwi, Arjuna nglepasaké jemparingé Kyai Sarotama. Ngenani janggané jayadrata saéngga tugel thel lan sirna margalayu.

Saguguré Abimanyu, Dèwi Siti Sendari nedya bela pati, ambyur ing pancaka utawa tumangan. Déné Dèwi Utari sing nalika iku nembé mbobot sepuh wijining calon ratu tlatah Jawa isih bisa digondhéli déning para pepundhèn.

pola batik

Pola batik

1)     Batik klasik
Batik klasik uga disebut motif batik Traditional. Motif iki digawe saka ngeruk ana nggawe batik, motif biasane mung dipigunakaké déning kulawarga kerajaan. Kain Klasik batik, Digawe puluh tahun kepungkur, ana malah wis abadUga disebut batik Lawasan. Motif Klasik Cocog kanggo koleksi utawa kanggo hadiah khusus.
Batik Klasik punika batik sing nduwe Nilai lan dhuwur rasa seni,  iki amarga gawene rumit banget lan njupuk dawa banget. Klasik batik nduweni pola dhasar tartam tukaro variétas saka motif, kayata alesan Kawung, machetes, nitik, tuntum, goreng, tambal, lan sanesipun. Kanggo jinis kain digunakake ing Pabrik klasik batik ing bentuk putih kain katun karo nggolek iku alita sugalan putih sutra kain, bahan sutra batik bakal kasil ing werna luwih sregep.
Batik klasik luwih disenengi umum tinimbang déning batik modernamarga batik klasik iku katon elegan lan ngrasa nyaman kanggo nyandhangPengemar klasik batik ora mung tartam tuwo nanging uga-kinasihan dening kabeh bunderan masyarakat ngisor, tengah lan ndhuwur tingkat.

Contoh Motif batik Klasik atau Tradisional
http://raradjonggrang.files.wordpress.com/2011/11/buntal-melati.jpg?w=223&h=300         http://raradjonggrang.files.wordpress.com/2011/11/ceplok-kawung.jpg?w=223&h=300
Buntal Melati                                      Ceplok Kawung
Batik Klasik Tirta Teja        Batik KlasikTirtaTeja
Kain batik tulis klasik. Motif Tirta Teja. Cocog kanggo koleksi utawa cindera mata khusus.
Kain batik tulis klasik. Motif Batik Klasik Bledak Latar PutihCocog kanggo koleksi utawa cindera mata khusus
2)     Batik kontemporer
            Pengertian" kontemporer batik " sarana wis makna saka saiki nggawe batik proses luwih digawe dening seniman saka batik ( artis batik ) utawa Desainer batik.
            Umumé, artis batik ,Desainer utawa batik kontemporer , ing nggawe batik Originally dimaksud aké mung kanggo ing kepuasan utama ing tjara emosi estetis. Kang dianggo biasane kanggo hiasan tembok . Motif bebas milih gaya ora kaiket dening sadurungé formulir sing kaiket dening aturan utawa referensi ngasilake batik.
            Teknik ing nggawe batik cenderung kaya apa wis rampung dening artis, ora kaiket dening cengkar umume digunakake ing proses nggawe batik. Penggarapane persis kaya lukisan, naming prosese wae mesthi maringi warno proses sing nggunakake teknik ing batik.
            pola batik Kontemporer cenderung polane bebas. Biasane ing motif milih njupuk saka primitive formulir seni kayata reca Wangun manungsa, kewan, tetanduran gesang, Rokh ,lan manéka abstrak. Saliyane ana uga njupuk ingWangun Musical Instruments , LOZADA tradhisi sing ana ing wilayah lokal. Gambaran dhuwur iku contoh sing motif kontemporer karo motif njupuk wangun manungsa, kéwan ,lan tetanduran

https://sites.google.com/site/pembelajaransenibudayas/_/rsrc/1318167697572/classroom-news/batikkontemporerbyspriyadi/Batik3%20motip%20tumbuhan.jpg?height=300&width=400 gambar batik motif tetanduran

https://sites.google.com/site/pembelajaransenibudayas/_/rsrc/1318167697517/classroom-news/batikkontemporerbyspriyadi/Batik2%20motip%20hewan.jpg?height=300&width=400 gambar batik motif kewan


 gambar batik motif manungsa