Abimanyu (Sangskreta Abhimanyu)
iku sawijining paraga saka wiracarita Mahabharata.
Dhèwèké putrané Arjuna lan Dèwi Wara Sembadra.
Papan dunungé ana ing kasatriyan Tanjunganom iya Plangkawati.
Ing padhalangan, Abimanyu iku digambarké
kadidéné satriya kang bagus citrané, alus budiné, nanging wataké getapan
(gampang nesu) lan gampang mara-tangan.
Kaya ingkang rama, Abimanyu kondhang
kadidéné satriya utama sing kuat tapabratané, mula Abimanyu klakon kasinungan
wahyu-wahyu kanaréndran, kayata Wahyu Cakraningrat, Wahyu Widhayat, wahyu
Antatwulan, lan sapituruté. manut wecaning déwa sapa sing kadunungan wahyu
kasebut bakal bisa dadi naréndra gung binatara. Nanging Abimanyu ora nganthi
klakon madeg ratu, jalaran dhèwèké gugur ing paprangan ing Tegal Kurusetra
kanthi dikrocok gegaman lan dikroyok déning para Kurawa.
Nalika isih dadi bocah, Abimanyu klakon nyirnakaké nata ing Plangkawati,
Prabu Angkawijaya lan patihé aran
Jayamurcita, kang nduwé kekarepan arep nggarwa Déwi Wara Sumbadra kang wis
diwengku garwa déning Arjuna lan peputra Abimanyu. Prabu Angkawijaya lan
Jayamurcita tiwas saka tangané Abimanyu. Sukmané manjing ana ragané Abimanyu,
lan negarané uga banjur dadi kasatriyané Abimanyu.
Abimanyu pisanan dhaup karo Dèwi Siti Sundari (Siti Sendari), putriné Prabu Sri Bathara Kresna ing Dwarawati. Dadi
Abimanyu iku putra mantuné Prabu Kresna. Sabanjuré kanthi sesidheman uga krama
antuk Déwi Utari, putriné Prabu Matswapati ing Wiratha, patutan
siji asma Radén Parikesit iya Paripurna kang ing tembéné jumeneng nata ana
negara Ngastina sabubaré perang Baratayuda kanthi jejuluk Prabu
Kresnadwipayana, (nunggak semi karo jejuluké ingkang éyang buyuté, Abiyasa iya
Wiyasa).
Ing Perang Baratayuda, Abimanyu bisa klakon
mbedhah gelar perang Cakrabhyuha, sing dipandhégani Pandhita Durna nadyan
akhiré gugur kanthi tatu arang kranjang amarga diranjap gegaman marang Kurawa.
Mula lakon Abimanyu gugur uga asring karan "Ranjapan Abimanyu Gugur"
kang pancèn ngeres-eresi.
Ing peperangan, Abimanyu wis tatu arang kranjang lan katon
tanpa daya, nanging isih tetep maju. Lesmana Mandrakumara iya Raden Sarojakusuma (putrané Prabu Duryudana, nata Ngastina) kang
kepingin mrejaya Abimanyu, banjur maju nyaketi karo nggawa keris ligan. Keris
iku arep kanggo nyuduk Abimanyu, nanging kurang prayitna. Abimanyu tetéla isih
nggagem keris Kyai Pulanggeni. Lesmana namaké kerisé marang Abimanyu kang
njalari tumekèng pati. Nanging sadurungé sukmané oncat saka ragané, Abimanyu
uga kasil nyuduk Lesmana Mandrakumara nganggo Pulanggeni nganti Lesmana
tumekaning pati. Kekaroné mati sampyuh. Weruh Lesmana Mandrakumara mati, Jayadrata (bapa pamané Lesmana) ngepruk sirahé Abimanyu kang wis tanpa daya
nganggo gada Kyai Glinggang saéngga musthakané ajur mumur. Abimanyu gugur ing
madyaning rananggana. Para Kurawa surak ambata rubuh.
Goteking wong akèh sing matèni Abimanyu iku Jayadrata iya Tirtanata.
Udan tangis para pepundhén Pandhawa. Arjuna sumpah, yèn dina iku uga ora bisa matèni Jayadrata,
dhèwèké luwung lampus dhiri. Déning para Kurawa Jayadrata diumpetaké ing
gedhong waja. Dijaga rapet, pamrihé supaya aja nganti bisa dipatèni déning
Arjuna lan Arjuna dhéwé supaya klakon "tata glondhong" lampus dhiri
kanthi cara pati obong. Nanging bab iku diwuningani Prabu Kresna (botohé
Pandhawa). Jayadrata dipancing murih ngungak kahanan njaba liwat jendhéla. Ya
nalika Jayadrata anguk-anguk liwat jendhéla kuwi, Arjuna nglepasaké jemparingé
Kyai Sarotama. Ngenani janggané jayadrata saéngga tugel thel lan sirna
margalayu.
Saguguré Abimanyu, Dèwi Siti Sendari nedya
bela pati, ambyur ing pancaka utawa tumangan. Déné Dèwi Utari sing nalika iku
nembé mbobot sepuh wijining calon ratu tlatah Jawa isih bisa digondhéli déning
para pepundhèn.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar